Ini adalah salah satu cerita legenda berbahasa Jawa.Silahkan baca dan nikmati.
Wektu
jaman biyen ing Bogor wonten praja kang ageng ratune jejuluk Prabu Siliwangi.
Prabu Siliwangi duwe putra telu yaiku Banyak Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak
Blabur.
Sak
wijining wektu Prabu Siliwangi nimbali kang putra Banyak Cotro. Sang Prabu
sedya anglengseraken Panguwasane marang Banyak Cotro. Banyak Cotro durung kersa
awit rumaos dereng cekap ngelmunipun uga durung krama. Dheweke duwe karep
ngulandana njajah praja milangkori.
Kanthi
nyandhang lumrahe wong desa
lan gantos jeneng Raden Kamdaka, Banyak Cotro ngulandoro ngantos dumugi ing
kadipaten Pasir Luhur. Piyambakipun sinengkake minangka putra sang Patih
Reksonoto.
Nalika
wonten upacara anjara iwak ing kali Logawa datan konyana-nyana Raden Komandaka
ketemu karo Dewi Ciptoroso putra-putrinipun pangunwaos pasir luhur Adipadi
Kanandoho. Dasar Raden Komandoko bagus pasuryane lan Dewi Ciptoroso putri kang
sulistro ing warni sakarone padha nduweni rasa tresna.
Nanging, Adipadi Kanandoho ora sarujuk banjur ngutus marang prajurite supaya
nyekel Raden Kamandoko. Kanthi pitulunganipun Patih Reksonoto Raden Kamandoko
bisa lolos saka pambujunge prajurit Pasir Luhur. Deweke njegur ana ing kali.
Prajurit Pasir Luhur ngira yen Raden Kamandoko wis tumekeng pati. Sakwise
mangerteni manowo Raden Kamandoko wis mati Adipati Kanandoho bungah banget
penggalihe, nanging Dewi Ciptoroso tansah sanget nandhang sungkawa.
Sakwise
nyegur ing kali Raden Kamandoko keli nganti tekan ing Desa Panagih. Ing kono
Raden Kamandoko diaku anak karo mbok Rondo Rektosuro.
Mbok
Rektosuro gadhah jago sing dijenengi
“Mercu”. Raden Kamandoko seneng karo “Mercu” Sabanjure Raden Kamandoko seneng
aben sawung saben-saben diadu “Mercu” tansah menang, mula Raden Kamandaka
kondang kaloko nganti tekan ing Kadipaten Pasir Luhur.
Pawartane
Raden Kamandoko nganti kepireng karo Adipati Kamandoho. Sang Adipati kabranang
ing galih sareng uninga bilih Raden Kamandoko taksih urip. Mula banjur utusan
Silih Warni yaiku nom-noman kang badhe magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke
bisa ditampa dadi prajurit lamun bisa nyekel Raden Kamandoko.
Silih
Warni sigra mangkat menyang Desa Panagih dikantheni para prajurit Pasir Luhur.
Silih Warni nantang Raden Kamandoko adu jago. Naliko jago lagi tarung Silih
Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka
kasektene, Raden Kamandoko bisa mbrobos ilang saka Silih Warni mula panggonan
iku banjur dijenengi Desa Brobosan.
Raden
Kamandoko terus mlayu ngetan nganti tumeka panggonan kang buntu. Panggonan mau
banjur dijenengi Buntu. Silih Warni sak wadya balane terus ngoyak Raden
Kamandoko. Raden Kamandoko terus mlayu nganti tekan ing gua. Ing kono Kamandoko
ngaso sawetoro. Ora suwe banjur Silih Warni nututi tumeka ing gua iku.
Silih
Warni nantang perang tanding karo Raden Kamandoko. Raden Kamandoko banjur
ngakoni “Sejatine dudu Kamandoko nanging Banyak Cotro Putra Prabu Siliwangi ing
Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wonglumrah”
kandhane Kamandoko.
Silih warni, “Apa bener ?”
Kamandoko, “Ya bener, aku Banyak
Cotro”.
Silih Warni, ”Aduh Kakang kulo kang
rayi, Banyak Ngampar,
Romo ngutus aku supaya nggoleki
Kakang”.
Saklorone banjur rerangkulan.
Papan kang minangka ketemu dijenengi
Gua Jatijajar amethik saka tembung Pajajaran.
Blognya Rama: Cerita Legenda Bahasa Jawa "Goa Jatijajar" >>>>> Download Now
BalasHapus>>>>> Download Full
Blognya Rama: Cerita Legenda Bahasa Jawa "Goa Jatijajar" >>>>> Download LINK
>>>>> Download Now
Blognya Rama: Cerita Legenda Bahasa Jawa "Goa Jatijajar" >>>>> Download Full
>>>>> Download LINK